Kaca:Pokok Uji Bahasa Daerah kangge Kelas 3 SMP.pdf/7

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
ATUR SAKLIMAH

S aking kumedahing manah kula

U run-urun nggampilaken piwulang Basa Jawi

C awe-cawe ngimpun soal kangge Evaluasi

I ngkang sinebat "POKOK UJI BASA JAWI”.

P urih gampiling para siswa anggenipun samya amemetri

T rampil, baut lan leres anggenipun abasa sastra.

A ndadosna kawuningan bilih dhapukan punika

A namung dhedhasar kangge anggegladhi.

D humateng para siswa-siswi ing Pawiyatan Madya

I ngkang jumbuh kaliyan Pandom Kurikulum 1975.

G BPP saha buku cepengan ingkang baken.

A wasta Mardi Basa lan Sastra

N yinau Basa lan sastra Jawi ugi

D alasan Basa Jawi Gagrag Anyar lan wulang basa

A wit saking punika dhapukan kaperang dados tigang jilid.

S upados gampil anggenipun samya nyinau

U mpami ta kirang ing prayogi

L epyan, kekirangan saha kalepatan kula

I ngkang kula suwun namung sih pangaksami.


Parakan, 1981


Pangimpun,


(Sutjipto. Adi)