Kaca:Pokok Uji Bahasa Daerah kangge Kelas 3 SMP.pdf/46

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
c. Tetembungan sing saemper cangkriman nanging batangane wis​dikandhakake ing ukara candhake.
d. Bebasan utawa paribasan sing isi piwulang bab budi pekerti, agama lan ngelmu kasampurnaning pati.

8. Tuduhna endi sing diarani wangsalan!

a. Kembang menur ditandur ing pinggir sumur, yen wis makmur aja lali mring sedulur.
b. Kembang nangka nadyan ala ning pitaya, Pancasila dhasaring negara kita.
c. Jenang sela wader kali sesonderan, apuranta yen wonten lepat kawula.
d. Kulik priya, gantiling wanodya, bayem arda, ardane ngrasuk busana

9. Tuduhna endi sing diarani adawiyah utawa adangiyah!

a. Wengi kang sepi ing kutha Bengawan.
b. Wusana cukup semene dhisik kabar saka ibumu.
c. Kagem putraku Andung Bayumurti kang banget daktresnani.
d.Serat Saha pangabekti kula.

10. Peprincen layang ing ngisor iki tuduhna endi sing paling bener urutane!

a. purwaka, satata basa, adangiyah, surasa basa, wasana basa, titimangsa, peprenah, tapak asma, asma terang.
b. satata basa, adangiyah, purwaka, surasa basa, wasana basa, titimangsa, peprenah, tapak asma, asma terang.
c. satata basa, purwaka, titimangsa, adangiyah, surasa basa, wasana basa, peprenah, tapak asma, asma terang.
d. adangiyah, titimangsa, satata basa, purwaka, surasa basa, wasana basa, peprenah, tapak- asma, asma terang.

11. Dasanamane “lemah” ing ngisor iki ana sing luput tuduhna:

a. bantala b. kisma c. pawaka . basundara

12. Tetembungan kang dienggo ing tembang diarani:

a. cakepan b. guru: wilangan c. laras d. dhong-dhing

13. Tembang utawa lelagon tanpa tabuhan kang dienggo murwakani gendhing diarani:

a. bawa b. buka c. cakepan d. gerong

14. Tetabuhan sing tanpa tetembungan kang dienggo murwakani gendhing:

a. buka b. bawa c. cakepan d. jineman

44

POKOK UJI BASA JAWA 3