Kaca:Pokok Uji Bahasa Daerah kangge Kelas 3 SMP.pdf/38

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Lima, loro, enem lan papat kagolong jinising tembung wilangan...............................................................
  2. Tembung kriya sing tanpa ater-ater, seselan utawa panambang diarani tembung kriya .........................................................
  3. Meja, kursi, lemari lan kapur kagolong jinising tembung aran.........
  4. Si, sang, hyang, para lan ponang kagolong jinising tembung aran......
  5. Ing, saka, menyang kagolong jinising tembung.........................
  6. Lho, ee, wah, tobil, adhuh lan Oo...., kagolong jinising tembung

IV. Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana!
a. Tuduhna endi katrangan wayahe!

  1. Sasi ngarep Mas Yoyok arep duwe gawe mantu.
  2. Bapak arep tindak minggu ngarep.
  3. Wiwit dhek samana kae aku durung tampa kabar.
  4. Olehe padha jagongan nganti byar esok.
  5. Saben dina si Pocung anguntal jalma.

b. Tembung-tembung manca ing ngisor iki tegesna!

1. draw
2. organisasi
3. modern
4. Resepsi
5. finish

6. produksi
7. potensi
8. follow up
9. situasi
10. bulletin


Nulis Jawa:
Tulisen nganggo aksara Jawa!

DURMA

Damarwulan aywa ngucireng ngayuda,
balia sun anteni,
mangsa sun mundura,
lah Bisma, den prayitna,
katiban pusaka mami,
mara tibakna,
curiganira nuli.

36

POKOK UJI BASA JAWA 3