Kaca:Pokok Uji Bahasa Daerah kangge Kelas 3 SMP.pdf/19

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
b. Wedhakana pipisan pupus gedhang ing prenah pusere
c. Gebyura nganggo banyu siwur
d. Cawisana kembang wangi lan dhuwit sawur

II. Jodhokna ”A” lan ”B” sing koanggep cocok!

KOLEM A

1. Sang Prabu tindak...... menyang alas.
2. caraka
3. pembayun
4. Ingkang Maha Kuwaos
5. tetenger
6. para werdha
7. pudyastawa
8. pangaksami
9. subasita
10. paripurna
11. Abimanyu
12. Kalasakti
13. tokan-takon
14. susastra
15. Prapti, mangkata!

KOLEM B
a. tembung dwipurwa
b. pangestu
c. pangapura
d. cangkrama
e. utusan
f. tulisan sing becik
g. ngumbara
h. unggah-ungguh
i. pembarep
j. Gusti Allah
k. tembung dwilingga.
1. pinisepuh
m. ukara pakon
n. para mudha
o. rampung
p. Satriya ing Sawojajar
q. Ukara andharan
r. Partaputra
s. Pralambang
t. para dewa

III. Titik-titik ing ngisor iki isenana nganggo jawaban kang wis sumadya!
1. Sesorah atur ... ing pasamuan panggih temanten.
2. Awit saking punika kula tansah nyuwun jumurunging ... saking para pinisepuh.
3. Sang Kunthiputra namur laku, tindak ... menyang kikising negara Wiratha.
4. Tembung sing dirangkep wandane pungkasan diarani tembung ...

5. Lambang utawa pralambang uga diarani ...

POKOK UJI BASA JAWA 3

17