Kaca:Pokok Uji Bahasa Daerah kangge Kelas 3 SMP.pdf/17

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
EVALUASI II

I. Bunderana a, b, c utawa d sing koanggep bener!

  1. Ora kok Bu, aku mung arep takon Pak Lik carane wong sesorah.
  2. Ukara ing ndhuwur kasebut katulis nganggo basa:
    1. ngoko lugu
    2. ngoko andhap
    3. krama madya
    4. krama
  3. Ukara kasebut no. 1 bisa diowahi nganggo basa ngoko andhap:
    1. Ora kok Bu, aku mung arep matur Pak Lik carane wong sesorah.
    2. Ora kok Bu, aku mung ajeng takon Pak Lik carane wongsesorah.
    3. Ora kok Bu, aku mung badhe tanglet Pak Lik carane wong sesorah.
    4. Mboten kok Bu, kula namung badhe matur Pak Lik caranipun tiyang sesorah.
  4. Ukara kasebut no. 2 d katulis nganggo basa:
    1. krama
    2. krama madya
    3. krama desa
    4. krama inggil
  5. Basa krama bisa kaperang dadi telu, yaiku:
    1. krama inggil, krama madya lan krama desa.
    2. krama inggil, kramantara, lan mudha krama.
    3. krama madya, krama inggil lan kramantara.
    4. kramantara, mudha krama lan werdha krama.
  6. Kandhane Pak Guru, ngrokok iku mitunani marang kasarasan.
    1. ukara langsung
    2. ukara ora langsung
    3. kabeh bener
    4. kabeh luput
  7. Manut isi wedhar gagasane manungsa ukara kasebut no. 5 diarani ukara:
    1. pakon
    2. pitakon
    3. sambawa
    4. andharan
  8. Ngrokok iku mitunani marang kasarasan. Ukara iki diarani ukara:

POKOK UJI BASA JAWA 3

15