Kaca:Pokok Uji Bahasa Daerah kangge Kelas 1 SMP.pdf/7

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
ATUR SAKLIMAH


Saking kumedahing manah kula

Urun-urun nggampilaken piwulang Basa Jawi

Cawe-cawe ngimpun soal kangge Evaluasi

Ingkang sinebat ”POKOK UJI BASA JAWI”.

Purih gampiling para siswa anggenipun samya amemetri

Trampil, baut lan leres anggenipun abasa sastra.

Andadosna kawuningan bilih dhapukan punika

Anamung dhedhasar kangge anggegladhi.

Dhumateng para siswa-siswi ing Pawiyatan Madya

Ingkang jumbuh kaliyan Pandom Kurikulum 1975.

GBPP saha buku cepengan ingkang baken.

Awasta Mardi Basa lan Sastra

Nyinau Basa lan sastra Jawi ugi

Dalasan Basa Jawi Gagrag Anyar lan wulang basa

Awit saking punika dhapukan kaperang dados tigang jilid.

Supados gampil anggenipun samya nyinau

Umpami ta kirang ing prayogi

Lepyan, kekirangan saha kalepatan kula

Ingkang kula suwun namung sih pangaksami.


Parakan, 1981

Pangimpun,

(Sutjipto Adi)