Kaca:Pokok Uji Bahasa Daerah kangge Kelas 1 SMP.pdf/41

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
EVALUASI VIII

I. Bunderana a, b, c utawa d sing koanggep bener!
1. Bocah kang wis ora duwe bapa biyung diarani bocah:

a. lola  b. yatim  c. palara-lara  d. ontang-anting

2. Bocah wadon loro sakembaran kang dienggo ngapit temone temanten diarani:

a. patah  b. putri dhomas  c. manggala yudha  d. bebana

3. Ukara ing ngisor iki gatekna!

— Kucing mangsa tikus.
— Saiki lagi mangsa kopi.
Tembung mangsa duweni teges: a. mangan  b. usum diarani:
a. homonim  b. sinonim  c. dasanama  d. sandhi

4. Adhi utawa kangmase -bojo diarani:

a. ipe  b. misan  c. paripean  d. besan.

5. Kula saweg ngudaraos bab anggen kula badhe tuwi marasepuh.

a. rerasan  b. ngundhamana  c. sesambat  d. grenengan

6. Unen-unen “nyandhung mangsi” iku tembung sing salah nanging wis kaprah. Diaran:

a. rurabasa  b. parikan  c. isbat  d. keratabasa

7. Kom, cepet ayo tuku jangan brongkos!

a. ukara andharan  c. ukara sambawad
b. ukara pakon  d. ukara tetinya

8. Iwan diutus ibune tuku benang menyang Toko Gloria Sekawan.

a. JWLK  b. JWLWLK  c. JWIWLK  d. JWJWK

9. Nulungi lare ingkang kesrakat.

a. JWK  b. JWL  c. WLK  d. WLKK

10. Saben sapada tembang Pocung kadadeyan saka:

a.3 gatra  b. 4 gatra  c. 5 gatra  d. 6 gatra

11. Guru lagune tembang Gambuh gatra III tiba swara:

a. i  b. u  c. o  d.a

12. Kosok balene cekak:

a. dawa  b. landhung  c. cendhak  d. kabeh bener



POKOK UJI BAHASA DAERAH 1 39