Kaca:Pokok Uji Bahasa Daerah kangge Kelas 1 SMP.pdf/33

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

8. Rambut kang modhal-madhul ora dijungkati amarga lagi bar tangi turu dicandra:

a. kaya tuma kathok  b. kaya bidho angrem
c. kaya asu manak  d. jambe sinigar

9. Cahyane nglayung kaya:

a. sikatan nyamber walang b. kapuk diwusoni
c. rembulan karahinan  d. jambe sinigar

10. Candrane wong nginum kaping 6 (nem):

a. sad guna wiweka  b. sapta kukila warsa
c. hasta sacara-cara  d. nawa gra lupa

11. Ganti papan ganti pranatan:

a. Desa mawa cara negara mawa tata
b. Njajah desa milang kori.
c. Ana catur mungkur.
d. Ngemping lara nggenjah pati.

12. Wong kang digdaya sekti mandraguna diparibasakake:

a. Kadang kadeyan.
b. Kendhit mimang kadang dewa.
c. Kakehan gludhug kurang udan.
d. Wis kebak sundukane.

13. Perang Kembang iku mengku teges:

a. Perange satriya mungsuh buta.
b. Perang gagal.
c. Perang amuk-amukan.
d. Perange Pendhawa mungsuh Kurawa.

14. Perang BRATAYUDA iku perange Pendhawa mungsuh Kurawa kang dumadi

ing:
a. Negara Wirasta  b. Negara Ngastina
c. Tegal Kurusetra  d. Alas -Mertani

15. Pepuntoning manah Kurawa ginebag ing jurit. Ukara kasebut nduweni teges:

a. Wusanane Kurawa banjur dilurug ing perang.
b. Wusanane para Kurawa kalah perange.
c. Wusanane para Kurawa banjur nantang perang.
d. Wusanane para Kurawa banjur wedhi perang.

16. Pendhawa unggul yudane. Tegese:

a. kalah perang  b. menang perang
c. latihan perang  d. maju perang

17. Lare ingkang andhap............... punika purun ngawon lan-

POKOK UJI BAHASA DAERAH 1 31