Kaca:Pokok Uji Bahasa Daerah kangge Kelas 1 SMP.pdf/31

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

8. Tibaning swara saben larikan tembang diarani.........
9. Cacahing wanda ing tembang macapat diarani.................
10. Tulisen guru lagu lan guru wilangane tembang Gambuh.
Jawab:.............................

V. Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana!

1. Tembang macapat ana warna 11. Sebutna!
2. Tembang macapat sing paling akeh gatrane iku tembang apa?
3. Tembang macapat sing gatrane paling sithik iku tembang apa?
4. Tulisen cakepane tembang Gambuh lan Mijil sing koapali, sapupuh bae!
5. Kajaba tembang macapat isih ana tembang jawa liyane sebutna! Lan wenehana tuladhane (2)!

Gaweya paribasan utawa bebasan nganggo tembung kang dikurung sing ateges:
1. Nututi barang sepele, kelangan barang sih luwih perlu. (uceng)
2. Njarag marang bebaya (gajah).
3. Wong kang kakehan ngelmu malah bisa kaya wong ora genep (kebak).
4. Duwe panjangka kang ora jumbuh karo kaanane (cagak).
5. Kelangan matumpa-tumpa (kebo).

VI. Nulis Jawa:
Salinen nganggo aksara Latin!

1. ꧋ꦥꦿꦧꦸꦲꦁ​​ꦭꦶꦁꦢꦂꦩꦫꦠꦸꦲꦶꦩꦭꦮꦥꦠꦶ꧉

2. ꧋ꦥꦼꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦥꦿꦶꦁꦱꦼꦝꦥꦸꦂ꧉

3. ꧋ꦧꦛꦫꦧꦿꦃꦩꦝꦺꦮ​ꦲꦶꦁꦏꦃꦲꦾꦁ​ꦔꦤ꧀꧉

4. ꧋ꦏꦢꦾꦮꦼꦂꦝꦸꦲꦁ​ꦒꦱꦂꦱꦿ꧉

5. ꧋ꦱꦶꦂꦤꦲꦶꦭꦁꦏꦽꦠ​ꦤꦶꦁꦧꦸꦩꦶ꧉


POKOK UJI BAHASA DAERAH 129