Kaca:Pokok Uji Bahasa Daerah kangge Kelas 1 SMP.pdf/29

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
a. ukara tanggap  b.ukara tanduk  c. kabeh bener  d. kabeh luput

10. Kolahipun dipun iseni toya sakebak-kebakipun. Rangkepen ing ndhuwur mengku teges:

a. nganti  b. paling  c. banget  d. bola-bali

11. Ngoncati mungsuh ing paprangan:

a. Tinggal glanggang colong playu.
b. Mbidhung api rowang.
c. Nggegalak racak nenangi kremi.
d. Tinggal kokoh.

12. Seneng nacad amarga duwe melik.

a. dahwen ati open  b. tulung menthung
c. nucuk ngiberake  d. melik nggendhong lali

13. Pak Camat tindak .......... niti, priksa, wewengkone kang anyar.

a. lelana  b. mider-mider
c. njajah desa milang kori  d. cangkrama

14. "Layange wis dakgawa”". Ukara iki yen dadi ukara tanduk dadi:

a. Layange wis digawa aku.  b. Layange aku sing wis nggawa.
c. Layange aku sing nggawa.  d. Aku wis nggawa layange.

15. Kalawarti Mekarsari iku kalawarti basa Jawa edhisi kutha:

a. Solo  b. Yogyakarta  c. Semarang  d. Surabaya

16. Ukara no. 15 iku manut lungguhing tembung ora nduweni:

a. jejer  b. wasesa  c. lesan  d. Kabeh salah

17. Yen panggedhe kang tumindak kawula -alit mung kari manut.

a. Diculke sirahe, digendholi buntute.
b. Swarga nunut, neraka katut.
c. Ameng-ameng nyawa.
d. Obah ngarep kobet mburi.

18. Dadi telik sandhi upayane mungsuh iku akeh bebayane. Mula banjur diparibasakake:

a. Kaya endhog kecepit | watu.  b. Ngidak geni blubukan
c. Ameng-ameng nyawa.  d. Ancik- ancik pucuking eri.

19. Bebasan papat ing ngisor iki sing tegese nyimpang mung siji.

Tuduhna! :
a. Kutuk marani sunduk.  b. Ngidak geni blubukan.
c. Nguthik-uthik macan turu.  d. Gajah ngidak rapah.

20. Bandha kang awujud kebo, sapi, jaran lan wae diarani bandha:

a. raja kaya  b. raja brana  c. raja werdi  d. raja mala


POKOK UJI BAHASA DAERAH 127