Kaca:Pokok Uji Bahasa Daerah kangge Kelas 1 SMP.pdf/26

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

9. Tuladhane tembung ..........umpamane ”salami-laminipun”.
10. Mardi Basa iku buku basa Jawa anggitane...............lan Mugiono BA.

IV. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1. Saben tanggal pira bangsa Indonesia mengeti dina Ibu Kartini?
2. Apa wajibe bangsa Indonesia marang lelabuhane Ibu Kartini?
3. "Ibu Kartini arsa njunjung martabating kaum wanita”. Ukara iki dadekna tanggap!
4. Ukara kasebut no. 3 iku dadekna ukara kang mene surasa pitakon!
5. Ukara kasebut no. 3 iku tuduhna endi jejer, -wasesa lan lesane!
6. Gaweya pitakonan kang wangsulane kaya ing ngisor iki:

a. Titihane bapak kae Yamaha dudu Honda.
b. Wis kira-kira sepuluh dina Mukadi ora tau mlebu sekolah.

7. Terangna tegese kalawarti!
8. Kalawarti ing ngisor iki edhisi. kutha ngendi?

a. Mekarsari b. Parikesit.

9. Sebutna siji -bae salah sawijine kalawarti edisi:

a. Surabaya b. Jakarta.

10. Terangna tegese tembung plutan! Wenehana tuladhane 2, (loro) bae!

V. Nulis Jawa
a. Tulisen nganggo aksara Jawa!
1. Arya Penangsang gugur dening Danang Sutawijaya.
2. Prabu Karna perang mungsuh sang Premadi.
3. Dasamuka iku narendra ing Ngalengka Diraja.
4. Pergiwa karo Pergiwati padha ngupadi sudarma.
5. Perang brubuh iku perang kang soroh amuk.

Salinana nganggo aksara Latin!
1. ꧋ꦥꦫꦥꦿꦩꦸꦏꦥꦝꦏꦺꦩꦃꦲꦶꦁ​ꦕꦶꦧꦸꦧꦸꦂ꧉

24POKOK UJI BAHASA DAERAH 1