Kaca:Pokok Uji Bahasa Daerah kangge Kelas 1 SMP.pdf/17

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

c. gunung = giri = harga = prabata = hardi

d. gunung = dahana = arga = redi = wukir

II. Jodhokna "A” lan ”B” sing koanggep cocok!

KOLEM A
1. sesambat
2. gojag-gajeg
3. pendadaran
4. cenganguk
5. katula-tula katali
6. nyolong pethek
7. duga prayoga
8. prapteng
9. cecak
10. taling tarung
11. Ajisaka
12. dewa-dewi
13. nugraha
14. taberi
15. subasita

KOLEM B
a. tambung garba utawa sandhi
b. tandha swara ”O”
c. cilaka terus-terusan
d. dwipurwa
e. dwilingga salin swara
f. dwiwasana
g. wanda
h. ora ngira
i. tambung andhahan
j. tembung saroja
k. ganjaran
l. sigeg “nga”
m. sigeg ”ra”
n. tandha swara’”e”
0. tlaten
p. dawa tangane
q. sopan santun
r. aksara Jawa
s. Yogyaswara


III. Titik-titik ing ngisor iki isenana supaya dadi tembung saroja!

1. kadang..............
2. ............. kadang
3. duga................
4. angkara.............
5. papa................

6. lara................
7. teguh...............
8. ...............rukun
9. ..............surung
10. iguh...............


IV. Garbanen!

Tuladha: prapténg = prapta + ing

1. narpati = ........
2. jayeng = .........

6. prameswari = .....
7. kapindra = .......

POKOK UJI BAHASA DAERAH 1

15