Kaca:Pokok Uji Bahasa Daerah kangge Kelas 1 SMP.pdf/15

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
EVALUASI II


I. Bunderana a, b, c utawa d sing koanggep bener!

  1. Tembung siji sing diwaca kaping pindho kabeh tembunge utawa mung sawanda, diarani tembung:
    1. lingga
    2. rangkep
    3. camboran
    4. andhahan
  2. Bengek-bengek, manut wujude kagolong tembung:
    1. dwilingga
    2. dwipurwa
    3. dwiwasana
    4. dwilingga salin swara
  3. ”Pangapunten” manut wujude kagolong tembung:
    1. andhahan
    2. lingga
    3. rangkep
    4. camboran
  4. Cekakak lan celili kagolong tembung rangkep:
    1. dwiwasana
    2. dwipurwa
    3. dwilingga
    4. wilingga salin swara
  5. "Sasampunipun” bisa karimbag dadi:
    1. sa-sampun-ipun
    2. asampun-ipun
    3. sa-sam-pun-ipun
    4. sa-sampuni-pun
  6. Purwadi ndhaftaraken wonten kalih panggenan. Ukara iki kadadeyan saka:
    1. 5 wanda
    2. 14 wanda
    3. 39 wanda
    4. 1 wanda
  7. Tuladhane tembung saroja umpamane:
    1. dawa cendhak
    2. andhap asor
    3. wira-wiri
    4. arga = gunung = ardi = meru
  8. Rinten ndalu mboten kendhat anggenipun nyenyuwun nugrahaning pangeran. Nyenyuwun kagolong tembung:
    1. dwilingga
    2. dwipurwa
    3. dwiwasana
    4. kabeh jawaban bener
  9. Emban cindhe emban siladan tegese:
    1. adil
    2. ora adil
    3. tulung menthung
    4. ora ngira
  10. Wong tuwa kang tansah nyekarep pepenginane anak nanging tansah ora kendhat aweh pitutur.

    POKOK UJI BAHASA DAERAH 1 13