Kaca:Piridan Paramasastra.pdf/24

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

23


   njawani      (memper wong Jawa)
   mriyayeni    (memper priyayi)

4. Ngonjoni utawa ngluwihi kaanan kang kasebut ing linggane:

   ngambani    (gawe luwih amba)
   nyendhaki   (gawe luwih cendhak)
   ndhuwuri    (gawe luwih dhuwur)

5. Ngganepi, kehe dadi kaya kang kasebut ing linggane:

   neloni      (ngganepi dadi telu)
   nglimani    ( "      "   lima)

6. Slametan:

   nyepasari
   nyelapani
   mitoni

7. Gawe (ndadekake, njalari) kaanan kang kasebut ing linggane:

   nggateli    (gawe gatel)
   matuki      (njalari matuk)
   mbilaeni    (ndadekake bilai)

2. Penambang an.

Trape:

a. Lumrah bae, ing saburining lingga sigeg.

   gampang + an dadi gampangan
   sabar   + an dadi sabaran
   gelis   + an dadi gelisan

b. Manawa linggane wekasane menga banjur luluh karo wekasaning lingga mau :

   gawa + an  dadi gawan
   bali + an  dadi balen
   buru + an   "   buron

c. Penambang in yen karekatake tembung lingga kang oleh ater-ater ka utawa seselan in, penambang i owah dadi an :

   ka + tulis + i    katulisan)
   ka + jupuk + i    kajupukan)

tanggap kaikriya