Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/5

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

BEBUKA

Nuwun, serat-serat Djawi punika boten sekedik tjatjahipun, pepak sarta kaṭah ingkang bregas-bregas. Éwa semanten para ingkang sami kawogan nuntun wulangan basa Djawi ing Sekolah Menengah limrahipun sami ketjipuhan anggenipun badé minangkani, djalaran serat-serat wau presasat kantun nama kémawon, ing mangka wiwit achiring djaman pamaréntahan Walandi sumbering anggit Djawi pet pampet éngga sapriki.

Serat waosan punika kadapuk „kembang setaman, inggih urap sari", isi pepetikan mepaki, ing pangangkah sageda njekapi betahing wulangan basa saha kasusastran Djawi. Saleresipun isinipun dèrèng padja-padja saged ngepleki ingkang dados kekudanganing pangimpun, ndapuk serat waosan ingkang isi saha suraosipun laras kalijan betahing para putra ing alam kamardikan, inggih alam lubering raos kabangsan. Éwadéné ing sasaged-saged pepetikan kadamel pepak mawarni-warni, boten kétang namung sagebjaran sageda suka gambaran bab mingsad-mingseding basa saha kawontenan wiwit djaman sugengipun sang pudjangga ageng R. Ng. Jasadipura ngantos dumugi ing djaman Indonesia mardika punika. Pepetikan ngewrat tjarijos saha bab mawarni-warni, kadosta: sempalaning tjarijos babad, dongèng, tjrita tjekak, dongèng sato kéwan, gugon tuhon, roman, ringgit, basa ingkang kanggé wonten ing pakabaran, rembag bab kasusastran lss. Punika wau sedaja menawi kadjinggleng saèstu kados kénging kanggé ungak-ungak alam kawontenaning masjarakat Djawi, sarta éwah gingsiring lelampahan saha lampahing raos pangraosipun bangsa kita Djawi ing djaman saha wekdal ingkang sampunsampun. Wonten ugi petikan ingkang suka gambaran sulak semburating raos saha semangat perge- rakan, perdjuangan sarta kamardikan. Jasan Jasawidagdan saha Padmasusastran, nadyan namung awudjud waosan laré, kados kénging karaosaken wontenipun semangat ngudi dateng kamadjengan, sempelah njawang alam „kamagangan", bosen ngabdi dateng alam „kaprijajèn".

Ing wasana saged kasembadan saha botenipun ingkang dados sedyaning pangimpun éstunipun namung kasumanggakaken dateng para ingkang sudi kasdu ngagem serat waosan sepala punika.

Nuwun.

Surakarta, 11-11-1958.

Pangimpun.

3