Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/177

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

djawah awu katutan ingkang kasar. Ing laladan Klatèn ugi djawah awu, nanging papan ingkang tjaket kalijan redi Merapi, kados ta ing kabudidajan Sukabumi, malah boten wonten djawah awu.

BOTEN MATUK DATENG DANSAH

Ing Bandung mentas wonten parepatan saking bebadan pakempalan 44 warni, ingkang wosipun ngrembag boten najogjani dateng tindak dansah kados karemenanipun para muda ing djaman sapunika. Katah wewaton-wewaton ingkang adedasar ngrisak dateng kasusilan punapa déné agami.

PADALANGAN ING SURAKARTA

Ing wekdal punika kursus padalangan Radya Pustaka ing Surakarta wiwit nampèni murid énggal, saha wontenipun murid ingkang lami malebet saja katah, boten ngemungaken saking Surakarta kémawon, wonten ingkang saking pasisir punapa. Tumrap ingkang tebih, wonten ingkang dipun ladjo sipeng sedalu, éndjingipun ladjeng wangsul malih.

(Kabar-warna-warni. Kadjawèn Pebruari 1940).