Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/149

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

punggawa pangipun, pang agung kang najaka, pang alit mantri lit-alit, goḍongé pan sakèhing wadya sadaja.

  1. Mulané tulus rahardja, si bujut lawan si kaki, paḍa asih ing utama, bekti ring para maharsi, asih samining adji, kang duwé tindak rahaju, ing mengko kadi ngapa, sira gawé nora jekti, salawasé nora kambah parang muka.
  2. Ija nagara Ngalengka, sira kang awèh bilai, apa ingkang pinanggiha, ratu kang mengkéné iki, nusahken wong sabumi, nusahken ing kaki ibu, kabèh wong tuwa-tuwa, susah saking sira mangkin, djer sok anggung amidosa tanpa dosa,
  3. Ana undagi utama, prawira waskitèng wangsit, putus titi tri-buwana, ḍasaré kadang pribadi, kepati angaturi, Wibisana tan ginugu, pidjer mélik tumingal, Sang Dyah aju salah kapti, kaja nora tau mulat wanodyéndah.
  4. Mas retna sadjroning pura, éwon wanodya kang betjik, dadi tanpa dadi ngapa, munḍak angurub-urubi, barana dadi geni, kaju aking wanodya gung, temah murub kéwala, mbasmi Ngalengka nagari, lah ta adja susah katekan ing pedjah.
  5. Apan ta anggep paduka, spolah-polahé jekti, sarèh pan temen kéwala, nganggo beneré pribaḍi, dèn sandanga ing mangkin, ana bilai geng rawuh, adja angadjak-andjak, nista lakuné kinardi, angungkurken rembug sanak wong atuwa."

Pangkur

  1. Nengna turé Kumbakarna, ngempakaken pamelèh duk ing nguni, sakéhing tingkah kang luput, sang prabu Dasamuka, kroḍa muntap lir tinepak mukanipun, malatu-latu kang djadja, sumung winga-winga wengis.
  2. Gondjing palangka sru modjar, : „Hèh-hèh ah si Kumbakarna lumuwih, suker djedjember rus arus, leletek aleleksan, suker ketèn amis batjin bétja-bétju, angutjap kang ora-ora, huh apa guna baribin.
  3. Muwus tan nganggo ukara, dudu-dudu djar tan patut kawidjil, ana wong dèn wèhi weruh, ndadak angunḍat-unḍat," Rada senggrang Rawana dedukanipun, ing batin nora patia, dedukané mring kang rayi:
  4. „Tanpa gawé ngudjar-udjar, tangguh apa pamanané ngemasi, teka ndadak anggadebus, mangsa ngong njenjambata, maring sira jèn wus metu krodaningsun, mangsa wurung déning sira, jèn ingsun kroḍa ing djurit.
  5. Lah-lah hèh-hèh liwat-liwat, memetokken saktining mungsuh mami, hah ah nḍekoka dangkamu, nèng kéné apa guna." Dasamuka wus kaṭah dénnja bebenḍu, dyan sang ari Kumbakarna, umadeg gadgadèng djurit.

147