Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Samja tur sembah kéwala, anḍeku pepatih kalih, lir kadya kondjem pratala, sang nata sampun andugi, ḍawuh timbalan adji, kinèn munḍura rumuhun, supadi bakit wawah, utaminipun pamikir, nembah medal sareng wong agung tetiga.
  2. Sapraptanira ing djaba, Djeng Pangéran Mangkubumi, ladju kondur maring wisma, sang mantri muka kekalih, kondur sareng nèng margi, reraosan kalihipun, Dipati Pringgalaja, ngandika sarwi bebisik: „Kadiparan rembugé Kangdjeng Pangeran ?"
  3. Modjar Dipati Sinḍurdja:„Jèn Pangéran Mangkubumi, ing galih tan angon mangsa, mung ngéngeti ageng inggil, luhuring kraton Djawi, tangèh ènget apesipun, lir rembugé Pangéran, tan djamak tumraping mangkin, wit nirnaken manisé karaton Djawa.

Ḍanḍanggula

  1. Kunèng Djeng Pangéran Mangkubumi, sapraptané sana kareranta, sri naréndra timbalané, dénja kakenan sampun, ing upadi sadu memanis, dadya tansah anggagas, paran wekasipun, karaton ing tanah Djawi, jèn pisaha kalawan tanah pasisir, tan wandé karépotan.
  2. Puteking tyas sanityasa tistis, mangunengi laladan tan ardja, kang djumrunuh ing pradjané, déning mangunahipun, budi longok tan wrin ing wèsti, satemah bakal nista, djenengirèng ratu, jata wau djeng Pangéran, animbali abdinira para mantri, tjatur pangadjengira.
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
KANGDJENG PANGERAN MANGKUBUMI LOLOS SAKING PRADJA

Asmaradana

  1. Ngandika sri narapati: „Lah adi sira metua, jaji mas sun timbalané, wusé modjar djawat asta, saksana amit medal, dupi pukul pitu dalu, ingkang raji tinimbalan.
  2. Djeng Pangéran Mangkubumi, agupuh gja mandjing pura, wus marek bjantara katong, ngandika srinara nata: „Jaji sun asung warta, adja susah tyasirèku, sumaraha takdiring Hyang.
  3. Djéndral tur prajoga mami, angelonga lungguhira, ingkang rong éwu tjatjahé, karia ingkang sanambang, santana midji sira, upama sun tan mituhu, sajekti kurang prajoga.
  4. Major mau sun timbali, aturé duk kaki Djéndral, andangu mring patih karo, tjatjah lungguhira sawah, miwah sakadangira, Pringgalaja ingkang matur, prasadja saananira.
  5. Major angungun kepati, upama Djéndral tetanja, maring simajor Gendorop, aturé nedya dèn arah, ajwa kongsi ngelonga, jaji kang dadya lungguhmu, déné rembugé Kumenḍan.
  6. Mengko prajoga nuruti, karsané Gurnadur Djéndral, gampang jèn wus saungkuré, seḍengé kalingan warsa, sun balekken mring sira, ora owah tjatjahipun, maksih genep telung nambang.

11