Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/102

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Winarahken mring rama sang resi, anggraita jèn pandoning déwa, dadya mupus ing pepesṭèn, sainana sampun ḍaup, kaèstrènan sagung maharsi, tekjan séwa sugata, samja nguju-uju, rahajuné pamiwaha, pareng para widadara widadari, sesanti mangastawa.
  2. Ing antara sampurnaning kardi, kang samja sung mangèstu bubaran, matjan wulung duk pamité, minta kang mangka sangu, amung widji kekatjang wilis, wewelingira marang, mara sepuhipun, jèn martuwi amanuta, tuwuhané katjang idjo dipun kongsi, kapanggih kang pinaran.
  3. Resi Drawa amituhu jekti, tan antara singa kresna mesat, anggawa kang garwa mangké, ginénḍong anèng pungkur, sapraptaning pradja wus salin, suwarna djatinira, Djajabaja prabu, samana wus kawartèng rat, lamun Déwi Sara mangkja gesang malih, Sarwasri namanira.
  4. Ing antara rama sang maharsi, arsa tuwi maring sutanira, wus miranti gegawané, saananing wong gunung, Enḍang Rasi kang nggénḍong dadi, sagrengan winatara, kelaring lumaku, mangkat tan amawi rowang, dénja durung karuwan paraning pamrih, tumekèng pangupajan.
  5. Muḍun saking ngarga duk udani, tetuwuhaning katjang wilisan, tan atebilh antarané, tinurut ing sapurug, kongsi praptèng djropradja maksih, anurut kang kawurjan, katjang idjo tuwuh, temah mangka ingatjaran, dénira sang apatya kinèn tutwuri, tumamèng ḍatulaja.
  6. Sang Resi Drawa anut tumuli, praptèng ngarsa nata duk tumingal, Kèn Sarwasri pasilané, djadjar lan sang aprabu, angungun tyas tan wruh ing wadi, samanten kawistara, saking pasang semu, semangira Resi Drawa, marma ladju ingatjaran wuwus manis, déning Sri binaṭara.
  7. "Lah ta paman dèn kepareng ngriki, sampun tebih enggènira lenggah, lawan sutanira mangké, jwa paé duk nèng gunung, dèn parek lan swaminta bibi, suba sita Sirnakna, wruhana wak ingsun, mangkja dadya sutanira, darunaning nguni ngong kundjara kingkin, wit tinilar ing garwa.
  8. Aran Déwi Sara pramèswari, sanalika tyas limut karantan, taksih geng wagel wiragé, musṭi mangèsṭi kajun, jèn tan antuk lelipur nuli, kang kadi Déwi Sara, nedya nganjut tuwuh, milalu laraning nala, nèng pahomnan meheng mahas pudyastuti, megeng maneges karsa.
  9. Tanduking don Sang Murwèng-dumadi, sru marsudi sidhining parasdya, kadi paran kasidané, lelakon wekasipun, sinunga sih pitulung nuli, ing Hjang kang Amisésa, walujaning kajun, jajah mangajut pralaja, kadautan ing usada wanudya di, dadyardèng tyas hardaja.
  10. Tan kawawa mamèt genging wingit, labet karoban turidasmara, marawajan luh widjilé, saking kinungkung ing kung, nekung ing réh manungku pudji, sarira tri mangrentang, ngrerentak lir wijung, tan sinujunan ing toja, temah madres katrahan warsa martani, anartani wasita.

100