Kaca:Paramasastra Djawi.pdf/30

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 28 -

PARAMASASTRA DJAWI

12. Dwilingga : (ktj. 19)

 Sarupaning tembung kang karangkep

 a. Dwilingga wantah : omah-omah, kabeh-kabeh

 b. Dwilingga salin-swara : wira-wifi, bola-bali, omah-omah

13. Dwiwasana : (ktj. 19)

 Tembung kang dirangkep wasanane (wanda pungkasan) :  tjekakak, tjeluduk.

14. Wisesana :

 Tembung2 kang mawa panambang : an

 a. Wisesana lingga : djaranan

 b. Wisesana lingga andahan : prakaran, tjiluntangan

 c. Wisesana dwipurwa : bebadran

 d. Wisesana dwilingga : alon-alonan

 e. Wisesana dwiwasana : tjekakakan

 f. Wisesana bawa-ka : kobongan

 g. Wisesana bawa-ma : gumagusan

15. Wajaka :

 a. Krijawatjaka : pa + tanduk : pangendang

 b. Karanawatjaka : pa + tanduk + an : panepen

 c. Dajawatjaka : pa + lingga + an : pagawean, pagunungan

 d. Bawawatjaka : ka + lingga + an (dudu tanggep) : kapinteran, kabupaten.



---ooOoo---