Kaca:Paramasastra Djawi.pdf/3

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
PURWAKA


 Nuwun, buku Paramasastra Djawi punika sampun kawedalaken rambah kaping VII punike stensilan.
 Menggah udjubipun namung badé kanggé tjatetan tjetjepenganipun para siswa kémawon; mila namung awudjud keklempakanin tembung-tembung lan patokan-patokan sawatawis ingkang kamanah prelu, tanpa dipunkanténi tjaktjakanipun ing ukara. Kadjawi punika taksih katah malih kekirangan - kekirangan sanésipun.
 Ingkang punika sadaja wau kaborongaken para guru menggahing tjak-tjakanipun ing pamulangan.
 Wondéné ingkang kanggé garan keklempak inggih punika buku2 : Paramabasa Ki Padmasusastra, Kartibasa, Paramasastra pak Abdullah, Dwidjaséwajan lsp.
 Wasana manawi wonten tuna dungkapi nyuwun gunging pangaksama.


 Nuwun!


Surakarta, 17 September 1954.

Kula pun :

K. Prawirasubrata.



PURWAKA
Tjap-tjapan kaping VIII


 Tjap-tjapan kaping VIII punika sami kalijan tjap=tjapan ingkang kaping VII.


Surakarta, 17 September 1954.

Kula pun :

K. Prawirasubrata.