Kaca:Paramasastra Djawi.pdf/16

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

-14-

PARAMASASTRA DJAWI


    panggang > kumanggang
    bagus > gumagus.


4. nini > kumini   》
 ngungun > kumangungun   》 =   Kaprije pangrimabage? Apa bedane?


5. Bedaning tegesé ater2 kuma lan seselan um :

   a. kuma  = ndajani teges banget utawa luwih (saka ing sapatute).

   b. um  = kadunungan kaanan (kumemping), anggepe kaja . . . (kumaju), krija (tumandang)


6. Teges warna loro : (kaanan lan krija)

   a. Lawangé saben dina menga (kaanan)

   b. Djendélané ketampek angin, bandjur menga (krija)


   a. Gambar mendjangan tjangkemé mangap baé (kaanan)

   b. Tjangkemku ora kena dak-anggo mangap (krija)


7. Bawa : ma nunggal teges karo tanduk:

      kumlawer (bawa : ma)  = nglawer (tanduk).

      gumuju (bawa : ma)  = ngguju (tanduk).


8.​Rimbagé : Bawa : ma.

(4). Seselan  : IN.

Wudjud, pangrimbag lan teges :

  tinulis < tulis V in = katulis = ditulis.
  winor < wor V in = kawor = diwor.
  sinekti < sekti V in = dianggep sekti.
  tinulisan < tulis V in = an ditulisi = katulisan


Katrangan :

1. Tembung njawanda :

  sung > sinung.
  pek > pinek.
  ken > kinen.

2. Tembung sinung sok diandahake maneh : kasinungan, njinungi.

        pinarak  > dipinarakake, minarakake, pinarakan.