Kaca:Paramasastra Djawi.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

PARAMASASTRA DJAWI

- 11 -


3. akembang
4. asirah
5. aklambi
6. maguru
7. magawé
8. mobah


< a   + kembang
< a   + sirah
< a   + klambi
< ma  + guru
< ma  + gawé
< am  + ubah


= metu . . . . . . .
= darbe . . . . . . .
= nganggo . . . . .
= golek ngélmu marang
= njambut gawé. guru.
= obah.

Katrangan :

 Ater2 a lan ma jén ditanding karo basa Indonesia ana sing pada karo awalan : ber :

asirah =  berkepala.

aklambi =  berbadju.

magawé =  bekerdja.

mobah =  bergerak.

 pantjen mula bukané ater2 rong warna iku, asalé saka ater2 Djawa-kuna, tuladané :

adyus   》

madyus   》 =   bermandi

    (16) (37) (18). Ater-ater; kami, kapi.

Wudjud, pangrimbag lan teges :


1. kumawani   <   kuma + wani
2. kamigilan   <  kami + gila + an
3. kumawani   <   kapi + adreng


=   banget anggoné wani.
=   banget anggoné gila.
=   banget anggoné adreng.


Katrangan :

  1. Ater-ater 3 warna ing duwur iku mung tumrap ana ing tembung lingga sarta tégesé pada déné Luwih saka tembungé kang diraketi. (mbangetaké).
  2. Ater-ater : kuma sok tjawuh karo seselan : um. Upama : kumaju ana sing ngarani : rimbag bawa-kuma.
    Iku luput, marga ore nduwéni teges Luwih, malah kurang.
  3. Ater-ater + lingga = rimbag: bawa (bawa-kuma, bawa-kami,

bawa-kapi).