Kaca:Panjurung.pdf/98

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

ora kepethuk lan wis saka akrabe.

“Pak Wid, manga, mangga.” |

“Nyuwun pangapunten Pak, dalah Bu Andhi. Kula ingkang damel cilaka putra panjenengan!. A

Anu Pak, aku sing nabrak, dede tiyang niku, wau kula gojeg kalih Peni saengga setange kesenggol. Setangku terus broug, breg!” Matur mangkono Siti terus prembik-prembik. Karepa mono mbelo tamune.

“Nyuwun pangapunten, Pak Wid, basane lare samenika. ...”

“Mboten menapa-menapa kok, Mbak, kantenan lare.”

Ingkang baken sedayanipun sampun sae, menika alangan.” 4

“Mekaten Iho, Dhik Wid, rekanipun kangge ngisi wekdal saben dinten Ahad piyambakipun kula lesaken tari ing panggenanipun keponakan | kula. Supados mboten namung pinter pelajaran Ebtanas kemawon.”

“Kasinggihan mekaten, Pak Wid.” Pak Adhi nambah rembug.

“Lan ngiras-ngirus nglestarekaken kagunan”. Wong loro semaur bareng kaya kaum.

“Injih sae...,” ujare Dada, lan tuan rumah mau gumuyu bareng;

Lagi tekan semono anggone rembugan ketungka suara sepedha motor dhug-dhug pet. Mandheg greg. Bu Yuni agean matu lan ngisaratake supaya bocah wadon kang teka mau liwat longkangan tumuju ing pawon.

“Sore-sore kok kadingaren mrene ta, Nar.”

“Aku ki rak kaget ta Bu Lik, wong mau nabrak Siti.”

“Sst, aja seru-seru, mengko mundhak krungu.”

“Kae ki kancane Bapake lan aku manawa penataran.”

“O0

Lagi ngobrol tekan semono Narti didhawuhi ngetokake unjukan Jan nyamikan. Narti salugu prasaja. Klambine blus kembang-kembang Jan roke polos putih. Rambute diklabang saya tambah lugas lan ayune. Dada tratap maneh. Sing diwaspadakake dudu wedange nanging... Aluse; resike, menges-menges rambute lan untune kang gingsul ndudut ati lanange.

“Mangga, Dhik Wid, diunjuk. Sak wontenipun.”

“Dhekan ki rak ning Kehutanan, ning saiki ning kene....” Pak 'Andhi melu ngguyoni.

“Klabakan ya, Mbak Yu?” Sambunge Dada.

84