Kaca:Panjurung.pdf/96

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Menyang ngendi, Mbak?” Takone Sidin kang lagi wae bali loper Klintong-klintong, ing Kreasi Mudha. Toko buah pinggir dalan saka pakumpulane para mudha-mudhi Samirono.

“Golek pelem pencit pa, Mbak Nar?”

“Ya embuh golek apa mengko sak entuke. Sesuk dakkaban rasane,” sambunge Narti ora kurang akal, karo nyetater kendharaane,

“Ko sik, ana kabar penting. Meh lali aku. “ Sidin setengal nggondheli.

“Entis, wae jan piye ta aku kok malah gugup?”

“Ana apa ta sajak kaya ana sing penting. Arep nitipake layang saka mbah Beja sing bandhot tuwa kae, pa?” Narti dhisiki rembuge.

“Ora, ora dheweke wis kapok tenan. Ora bakal klejingan maneh karo kembang kampus ISI,” Sidin ngumbulake Narti.

“Siti, Siti... tabrakan karo rodha papat ing pratelon kene.”

“Ha, piye? Adhuh, adhuh kok ra mau-mau. Saiki neng ngendi lan kepriye kahanane?” Pangoyake Narti wis ra sabar nggrontol wutah, Ora mokal amarga Siti iku saliyane muride ya isih keprenah sadulure.

dhewe.

“Gawat darurat Panti Rapih,” panyaute si Gendhut.

Sampun nggih, kula tututane...,” muni ngonog Narti mbandhangake motore. :

Ora kocap. Narti lali arep tuku seger-seger. Malah saya klenger thenger-thenger. Peem kecut ra kepikir. Ilang kemecere. Bareng tekan kamar darurat dhadhane kenya iku kaya ambrol-ambrola. Jan kadya kadhodhog alugara. Getihe mandheg greg lan pucet kadya kapuk diwusoni,|

“Aku njaluk ngapura, Dhik. Aku salah. Ngapa ta kok iki mau ndadak arep menyang daleme Pak Sodig barang?” Dada katon getun banget. Dheweke ingah-ingih kaya wong pesakitan kecekel polisi.

“Inggih... inggih mboten dados menapa.” Semaure Narti rada nggedhekake atine Dada. Si Narti sajane, glagepen iku sak keplasan kelingan ing Prapatan Kaliurang rong sasi kepungkur. Dheweke ora lali amarga saka brengos lan andheng-andhenge. Nalikane dheweke nawakake koran kang cunthel mbiyen.

“Menika” sinten, Dhik?” Ngendika mangkono, agawe dheg- ; dhegan keka-rone.

82