Kaca:Panjurung.pdf/165

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

neng kana paling suwe bisa bertahan telung sasi.

“Piye Yu... percaya ora karo critaku?” pitakone Ratmi sawise mungkasi critane.

“Percaya ... percaya. Mosok karo kowe ora percaya.”

“Lha ning yen kowe gelem lakonana, aku mung ngandhakke apa anane.”

“Jan-jane mono aku ya butuh gawean Mi. Lha bakulan yen kahanane isih kaya ngene ya mung tiwas numpuk utang.”

“Yu... apa koweora kepengin omah-omah meneh ta?” pitakone Ratmi ngalehake rembug.

“Ah kowe ki ana-ana wae,”

“Lha wong isih enom, rak ya ora papa ta. Malah ana sing dijak rembugan lan momong Sumini.”

“Wis, wisaku tak mulih dhisik... ndhak malah nggladrah,” muni mengkono karo nyiwel pupune Ratmi,

“Yaaja nesu lho Yu... aku mung guyon kok.”

Yu Ginah banjur klepat mlebu ngomahe, njujug pawon. Ing wadhah bumbon isih ana tempe semangit karo kacang panjang saunting.

“Wis tak 0seng-o0senge wae,” grenenge.

YuGinah banjur wiwit olah-olah saanane, sing penting bisa kanggo lawuh mangan awan. Dene mengko sore bisa tuku lawuh neng warung.

“Wah ambune kok sedhep .... masak apa mBok,” dumadakan Sumini wis ana cedhake,

“Iki ... masak oseng-oseng tempe semangit, senenganmu. Yahmene kok wis bali ta Sum.”

“Iya mBok, wong gurune padha rapat.”

“Yoh kana ndang salin ndhisik... mengko gek mangan.”

Sumini banjur salin lan wisuh ing pekiwan, banjurnjupuk piring, karo ngejak mBokne mangan bareng. Wong loro banjur pating kethemul, katon nikmat banget. |

Sabubare mangan wong loro mau banjur padha lungguhan ing amben. Yu Ginah ngandhakake bab gaweyan sing ditawakake Bu Marto, lan njaluk pertimbangane anake. Katone Sumini ora kabotan mBokne nyambutgawe, Bab critane Ratmi ora dikandhakake, dadi Sumini ora

ngerti. Awit yen diwenehi ngerti mesthi ora oleh.

151