Kaca:Panjurung.pdf/150

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

mangkatku barengan Yu Parji, neng kono barengan wong akeh, gek mulihe ya kok pethuk. Karo maneh digodhoa aku ya emoh,” sumaure Suminem,

Karno meneng wae, batine ngakoni yen Suminem ora gampang digodha uwong. Biyen wae, luwih setaun dheweke lagi bisa nelukake atine Suminem.

Wetenge Suminem saya gedhe. Ana kalane bayine wis njejaki wetenge biyunge. Suminem mrisakake olehe nggarbini ana Puskesmas Kecamatan. Kajaba entuk obat uga entuk imunisasi Te Te kaping pindho, jarene ben bayine mbesuk ora kena lelara tetanus sing marakake bocah lumpuh.

Karno katon tambah gemati karo sing wadon. Suminem ora entuk ngangsu lan njunjung sing abot-abot. Yen mangan bareng biasane Karno banjur ngalah karo bojone. Yen esuk Karno nyambut gawe ana perusahaan swasta, dene yen sore malih dadi wong tani. Awake katon pengkuh, kulite abang nyawo mateng, polatane padhang, sanajan ora klebu wong bagus. Anggone nyambut gawe pethel tenan. Kawit cilik wis kulina macul utawa nyambut gawe apa wae ngrewangi bapake. Olehe sekolah tekan EsEmA, ya ragat dhewe, Mula isih jaka wis bisa duwe omah dhewe, sanajan cilik. Mesthi wae omah mau didegake ana pomahan warisan bageyan saka bapake.

Bareng olehe ngandheg wis wolung sasi, Suminem wis ora entuk lunga bengi maneh karo bojone, Sidane wong-wong padha ngalah, olehe sinau kejar paket A kuwi manggon omahe Suminem.

Ana kabar yen rong sasi maneh bakal dianakake ujian persamaan Es Dhe. Mula bab kuwi banjur padha dirembug. Akeh-akehe sing melu kumpulan iku mung kanggo seneng-seneng, mula krungu kabar ujian iku padha pandeng-pandengan karo mesem. Ujian iku kanggo sapa, lan apa paedahe, mula ana sing banjur kawetu guyune cekikikan.

“Kowe ya arep melu ujian pa Sum?” pitakone Karno nalika wong loro padha arep mapan turu.

“Yaiyano, Kang,” wangsulane Suminem, “aku melu kumpulan kejar paket A iku rak ora nggo aku dhewe.”

“Banjur kanggo sapa, Sum? Kanggo nyenengke Bu Er We lan Pak Dhikmas Kecamatan ben dialem pandhuwure ngono, pa?” Karno takon maneh.

136