Kaca:Nyinau Basa lan Sastra Jawa.pdf/30

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 39 -

Ngendi waé ora ana wong gelem nampik prakara énak lan kepénak. Rak iya ta? Jenang gula, manawa kowé urip kepénak aja lali marang sanak, kanca lan tangga!

Saben wong tau krungu paribasan iku. Nanging kowé apa wis tau ngerti caranéé wong gawé gula? Kowé apa wis tau ngreti carané wong ndérés?

Kang lumrah didérés yaiku wit arén utawa wit krambil. Kembang krambil kang isih wungkul kasigaran mancungé. Yèn wis lerem sedina banjur diuruti kembangé. Sawisé iku katalénan kenceng. Soréné pucuking gagang kembang kang wis kempel kapagas. Piranti kanggo magas jenengé jompong.

Tilas pagasan iku mrentul banyuné, suwé-suwé tumètès. Tètèsan banyu iku ditadhahi bumbung, jenengé legén utawa badhèèg. Rasané legi. Saben ésuk lan soré bumbung iku diganti.

Kowé eling ta parikan : Klonthung-klonthung, wong ndèrès buntuté bumbung?

Legèn iku digodhog, suwé-suwé kenthel. Supayané dadi gula kudu kapancing nganggo gula kang wis atos. Yèn ora, dadi gula jemèk utawa glali.

Déné yèn ndérés wit arèn carané padha, nanging bumbungé dawa, anggoné mènèk nganggo andha. Wit arèn iku legèné luwih deres lan luwih akeh.

Legèn uga kena digawé cukak, kanggo bumbu olah-olah.

Wasana, jenang gula mas, aja lali. Kepriyé wong gawé gula? Apa tegesé paribasan : Ngemut legining gula?

A. PITAKONAN.

  1. Gula iku rasané kepriyé?
  2. Apa gelem bocah nglepèh gula kang lagi diemut?
  3. Apa ana wong nampik prakara énak lan kepénak?
  4. Apa kang lumrah didèrès uwong?
  5. Jompong iku apa?
  6. Pendhak apa wong ndèrès ngganti bumbungé?
  7. Généa bumbung kang kanggo ndèrès wit arèn luwih dawa?
  8. Glali iku apa?
  9. Legèn kena digawé apa?
  10. Kajaba gula krambil lan gula arèn apa ana gula jinis liya?