Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/99

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

100

   Irawan = méga, ima (hima), mendung.

   Imawan (himawan) = mawa hima (Indonesia : berhima) maksudé : gunung (kang duwur banget, nganti puntjaké tansah ketutupan hima).


   14. Lagja étja imbal-watjana, kesaru sowané wadya-bala kang nggantung laku, dumrodjog tanpa larapan.

   Imbal-watjana = genténan kanda, maksudé : rembugan.

   Nggantung laku = ana ing sadjroné ajahan nindakaké pakarjan nagara ing sadjaban kuta (pasisiran), kajata : kuwadjiban ndjaga tapel-watesing pradja.

   Tanpa larapan = tanpa lantaran, ora ana sing nglantaraké, ora nganggo diladékaké, maksudé : sowan déwé, ora ana punggawa kraton sing nglantaraké.

   Dumrodjog = drodjog-drodjog, rikat banget.


   15. Ngamuk punggung sura tan taha, nirbaja nirwikara = ngamuk kanti nékad banget (kaja pangamuké wong punggung, pangamuké wong bodo), tanpa ngétung bebaja, tanpa ngélingi apa-apa (marga pantjén ora ngreti sing mbebajani lan sing ora).

   Punggung = pingging, djugul, muda, bodo. Ngamuk punggung = ngamuk kaja pangamuké wong bodo, tanpa pétung. (Indonésia: tidak dengan perhitungan).

   Sura tan taha = wani tanpa reringa.

   Nirbaja = tegesé lugu: ora ana bebaja, lang bebajané. Maksudé: ora ana barang sing dianggep mbebajani, ora ana sing diwedéni. Nirwikara = ora owah, panggah, atiné tatag-tanggon.


   16. Gatutkatja ditjaritakaké: akulit tembaga, otot kawat, balung wesi, asungsum gegala; adridji gunting, asikut, petél, adengkul paron. Akotang antrakusuma, atjaping basunanda; bisa mabur tanpa elar, mletik tanpa sutang. Teguh-timbul sekti-mandraguna, tinatah mendat djinara méntér, tan pasah tapak-paluning pandé miwah sisaning gurénda.

   Gegala = djabung, marakaké atos utawa kraket. Manggala = panggedé; wong sing pantes dadi panggedé iku kudu wong sing wis digegala, wis didjabun, Maksudé: wis diiséni kawruh akeh (déning Guru).

   Tinatah mendat = jén ditatah, kulité mung mendat baé (ora pasah).

   Djinaea méntér = jén didjara (diebur), kulité ora bisa ketaton.

   Paron = landesané wesi (gandjelé wesi) sing arep digembléng.

   Palu = gandén-wesi sing dianggo nggembléng.

   Teguh-timbul = digdaja sarta sugih adji-adji.