1. Ing djaman kuna, wadya-balané nagara (ratu) kang kalah perangé, sawisé ditjekeli déning mungsuhé, manawa ora dipatèni ija bandjur didadèkaké batur-tukon. Tegesé: sing kalah perang iku déning mungsuhé diedol marang sapa baé sing pada gelem nuku, marga mbutuhaké batur (abdi). Batur-tukon, tegesé: batur olèhé tuku. Wondéné wadya-bala (ratu) kang nungkul aris, lumrahé kuwadjiban tjaos bulu-bekti awudjud glondong pangareng-areng, pèni-pèni radja-pèni, guru-bakal, guru-dadi.
2. Tembung-tembung kang ateges kalah, kajata:
Ngutjira ing juda.
Tinggal glanggang tjolong plaju.
Kelindih.
Kapagut ing juda.
Kasoran.
Ontjat saka blabar-kawat.
Kapratjonḍang.
Ketitih.
Kasambut madyaning rana.
Kèngser.
2. Kadjaba tembung-tembung ateges kalah, ana manèh tembung-tembung kang ngemu surasa kalah sarta bandjur asrah djiwa-raga. Tuladhané:
Nguntjupaken asta. Tegesé njembah. Olèhé gelem njembah, marga rumangsa kalah.
Asrah bongkokan. Sarèhné rumangsa kalah, gegamané kabèh dibongkoki, dipasrahaké marang mungsuhé.
Asrah djiwa-raga = asrah pati-urip. Masrahaké pati-uripé, tegesé : nedya dipatèni apa nedya diuripi déning mungsuhé, manut-miturut.