Kaca iki wis divalidasi
62
= ==== -
( 3 5352 3)
Po- ma ndang mu-lih- a
_ __ ==== ==== ====
. . . .
6 61 | 2.12 3.26 3 6532 | 1
________ __ _____
su-da pra- jit- na- ning ba- tin. (Bandjur wiwit umpak2 manèh).
Tegesé tembung-tembung):
Sapta-tjatur = sawelas. Kalembak geng = wit mresah. Pandaja tumraping ranu = wisaja. |
Puspa lulut = telasih. Bajem arda = lateng. Djenang séla = endjet |
BAB VII. DJOGED LAN TONTONAN (SANDIWARA).
1. Djogèd utawa beksa, lénggot-bawa, ataja, iku solah-bawa éndah kang binarung ing gending. Dadi, gending iku kadjaba kena digérongi uga kena didjogèdi'.
Manut andarané wong sing wis djadjag kawruhé babagan djogèd, djogèd iku mawa paugeran „asta-sawanda”, tegesé paugeran 8 prakara, jaiku:
- Patjak, ukuran wates-watesé obahing kembangan. Enḍèk-duwuré, amba-tjijuté lsp.
- Pantjad, djedjak-djangkahé sikil, kajata: sikil ora kena djindjit utawa miring, manawa pantjèn ora samesținé djindjit utawa miring; gonta-gantiné kembangan ora kena kaku, kerikaten utawa kerindiken.
- Wilet, obahing pérang-pérangané angga kudu éndah, kajata obahé gulu, pundak, tangan, sikil lsp.
- Luwes, prigel lan éndah anengsemaké.
- Lulut, sakabèhé kembangan kudu mațis lan maton.
- Ulat, polatan kudu manis, tadjem, ndjatmika lan susila. Ora kena klirak-klirik, liringing nétra kudu tumudju sikil, tangan, dridji lsp.
- Irama, kembangané kudu salaras karo ketuk, kenong, kempul, gong, keprak lan kepjak.
- Gending, djogèdé kudu salaras lan sadjiwa karo gending.
Liré jèn gendingé sigrak djogèdé kudu gagah, manawa gendingé alus djogèdé kudu ruruh.
Djogèd sing ora nglungguhi paugeran „Asta-sawanda” kasebut ing duwur iku ora kalebu kagunan adi-luhung.