Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/44

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

45

3. Gunané reritjikané gamelan ana sing minangka:

a. Pamurba irama, jaiku kendang.
b. Pamangku irama, jaiku ketuk, kenong, kempul, gong, kempjáng.
c. Pamurba lagu, jaiku: barung (bonang geḍé).
d. Pamangku lagu, jaiku: demung, slentem.
e. Pamangku jatmaka, jaiku: gender, gambang, tjlempung.
f. Pambuka patet, jaiku: rebab.
g. Ubarampé murih mujeg (gajeng), kajata: suling, siter, keprak, ketjèr lsp.


4. Wadhahé peprintjèning gamelan ana sing diarani:

a. Plangkan (kaju), jaiku: ketuk, kenong.
b. Rantjakan, yaiku bonang, rebab, suling, kendang.
c. Pangkon, jaiku: gendèr, saron, barung, demung.
d. Grobogan, jaiku: gambang, gong-kemodong.
e. Gajor, jaiku: (panjanțélan) gong, kempul.


5. Piranti ing reritjikané gamelan ana sing diarani:

  1. Pluntur = tali (benang) kang dumunung ing gender, slentem.
  2. Denda = kaju gilig panantjangan pluntur.
  3. Sanggan = kuningan (wesi) sing njangga pluntur.
  4. Bremara = pantèk kantjingé pluntur sing mlebu wilahan (sing digawé pring).
  5. Platjak = paku (kuningan, wesi) kang mlebu ing wilahan.
  6. Tawonan = gabus (pendjalin) sing nggandjel wilahan.
  7. Bantalan =sepet (kabuntel gombal) gandjeling wilahan gambang.
  8. Klanthé = tali sing kanggo nggantung gong, kempul.


6. Reritjikané gamelan sing arang-arang anané, kajata:

  1. Panontong, wudjudé kaja bendé.
  2. Gambang-gangsa, gambang saka prunggu.
  3. Rodjèh, kaja batok mangkureb (katabuh ing gending Monggang).
  4. Ketjèr, katabuh ing gending Kodok-ngorèk.
  5. Robjong, katabuh ing gending Monggang.
  6. Kemanak, katabuh ing gending kanggo beksan baḍaja.
  7. Bendhé, mèmper kempul.
  8. Keprak, mèmper kotak sing digawé saka prunggu.
  9. Tjluring, mèmper batok mangkureb tjatjahé 7 (sing ana mung Jogjakarta).
  10. Klinthingan, katabuh ing gending Kodok-ngorèk.