Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/38

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
39

11. KILAJUNEDENG = (5 + 6 +6 + 5) × 2 × 2, Pl pt VI.

Kadangmu pada, warahen dèn betjik, sésuk amenḍema, baris prajoga. Ajwa saranta, wong ing Dwarawati, tinumpesan iku, awak Pandawa. Ngandut marangké, mangsa wurung dadi, mungsuh pan asandi, kéwala betjik. Riwusing gunem, Kurawa bubaran, pra Ratu pituwa, Kilajuneḍeng.

12. GANDAKUSUMA = (1212) x 2 x 2 Pl pt VI.

Laraping rata sri rinengga sumawur, kadya riris wintang wor gebjaring astra. Kumilat sumirat narawung ngenani, tumédja wangkawa ngenguwung manawung. Dyuk nétyèng satrija kalih pekik-pekik, tadjem lir tinimbang atanding ajuda. Lir Hjang Guru kembar munggwing rata manik, ngutara duksina kang prang samja kèndel. (*)


IV. Tembang Tengahan (Dagelan).
I. PRANASMARA (SLÉNDRO PATET MANJURA).
(8 a. 11 é, 12 é, 8 a, 8 a, 8i,)

6 6 6 6 1 2.16 5356 1

Neng Karangdem-pel le- léo dang,

1.23 3 353 21 1 1 1 12 16 i 23.2.16

Kja i Lu- rah Se-mar sa-pra-nak-an- é,

6 612 63561 65 3.532 3 3 3 3 6 5 353 2.1

mi- jat ke- bon ke- bon te- gal- an a- le- rèn,

6 61.2 6.53 5.6 2 2 235.32 16

sa-mi ngun- duh ta- ru- pa- la,

3.53 2.3 126 1.6.53 6 5 3.5 2.1

su- ka sin- dên se-sen-don- an

1 12 23 3.56 25 3 121 6

sar-wjan-djo- gèd gen- ti- gen- ti.

____
(*) Karna tanḍing karo Ardjuna ing Baratajuda.