Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/141

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
144
VII. Maskumambang. Watak pitu.
Resi Pendita Sing ngèstrèni djumenengé
Prabu Kano: Pendita 7,
Brahmana 8 lan Déwa 9.
gunung Redi. Guru-dasanama karo prawata,
lan prawata iku guruwanda
karo Sapta-prawata.
pitu Pitu. Wis tjetha awatak 7.
anitih. Numpak,
nunggang.
Guru-wanda karo titihan
kang ateges djaran.
turanggi. Djaran. Guru-sarana karo banju.
Masuh iku sarana banju.
suka Seneng. Guru-wanda karo biksuka utawa
biksu (ateges pendita).
weling. wulang Guru-dasanama karo wulang.
Wekas. Wuruk Guru-karja karo pendhita, sing
asung wewulang iku pendhita
(ing djaman kuna).
Swara Uni, pendhita. Guru-dasanama karo pendhita.
gora Gedhé. Guru-dasanama karo gung
(gung diseseli in dadi
gunung)
angsa Banjak, murka. Durung tinemu sababé
muni. Pendhita, njwara. Guru-dasanama karo pendhita,
resi.
Aswa Djaran. Guru-dasanama karo turangga,
kuda.
giri Gunung. Guru-dasanama karo arga,
prawata.
gung Gedhé, gunung.. Guru wanda karo gunung.
Tembung gunung iku wodé
gung (diseseli na).
himawan. {P,}. Gunung. Guru-dasanama karo arga,
prabata, giri.
VIII. Midjil. Watak wolu.
Astha Wolu. Wis tjeṭa awatak wolu.
basu. Wasu Guru-sastra karo basu (wasu)
kang ateges wasu, tjatjahé
wasu ana 8, sing sidji asma
Bisma utawa Déwabrata. *)

(*) Manut buku Mahabarata, kang, kasebut wasu wolu: 1. Dara, 2. Druwa, 3. Tjandrama, 4. Anila (Swasana), 5. Anala (Hutasana), 6. Aha, 7. Pratyasa, 8. Dyahu (Déwabrata).