Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/137

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
140
pindha Kaja. Guru-dasanama karo kaja,
lan kaja guru-wanda karo
gunakaja; déné gunakaja guru-wanda karo
guna kang ateges geni.
agni. (Pm).Geni. bentèr Guru-dasanama karo dahana,
bahni, apju, api.
IV. Putjung. Watak papat.
Sumber Tuk, sumur. Guru-warga karo banju.
Sumber iku isi banju.
sumur Sumur. Guru-warga karo banju.
Sumur iku isi banju.
tlaga Tlaga. Guru-warga karo banju.
Tlaga iku isi banju.
wening. Bening. Guru-darwa karo banju.
Wening iku darwané banju.
karja. Kanggo, gawé. Guru-dasanama karo joga
kang ateges gawé. Joga
kang awatak 4, sabab joga kang
ateges djaman ana 4:
Kretajuga, Tirtajuga, Duparajuga,
Kalijuga. (Juga = joga).
masuh. Ngumbah. Guru-sarana karo banju.
Masuh iku sarana banju.
Udan Djawah. Guru-warga karo banju. Udan
awudjud banju.
bun. Bun Guru-warga karo banju. Bun
awudjud banju.
hèr. Banju Guru-dasanama karo waruna
(baruna) kang ateges banju.
dadya. Dadi Guru-dasanama karo dadi,
lan dadi guru-wanda karo
waudadi (sagara).
Warna Warni Guru-wanda karo waruna
kang ateges banju.
warih Banju. Guru-dasanama karo banju,
hèr, tirta, wé.
waudadi Sagara. Waudadi (sagara) iku isi
banju.
Tirta Banju. Guru-dasanama karo warih,
hèr, udaka, ranu.
nadi Kali. Guru-warga karo banju. Kali
iku isi banju.