Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/82

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Lastri, yen kowe milih urip karo ibumu lan ngejorke bojomu keliren kaya iki. Ngonoh..ngonoh!”

“Ngko dhisik, Mas,” Lastri medhot omongan karo swara sing aos ora kaya biyasane yen Beni lagi nesu.

“Ngko dhisik, Mas, aku teka mriki kangge ngajak sliramu. Ibu dhawuh supaya Mas Beni kondur daleme Ibu.”

Sakbubare kuwi Lastri krasa lemes, kaya-kaya ora duwe daya. Age-age dheweke nggendhong Niken lan bali. Impenane urip bareng ibu, garwa, lan putrane kayane amung crita. Lastri kepengin banget nemoni ibune lan nyritakake kabeh rasa pengrasane. Sakwise nang umah, kabeh diuntabna.

***

Ibu sing selawase iki dadi panggonan kanggo sendhehan, ibu sing selawase iki dadi panggonan kanggo nguda rasa, ibu sing selawase iki dadi panggonan kanggo crita. Liwat cumlorote paningal sing wis ora pati cetha kaya dhisik dheweke ngematna kaya-kaya aweh kekuwatan kanggo Lastri. Garis-garis ing geger astane kang ginambar cetha sangsaya sepuh nyoba nggegem tangane Lastri. Banjur Lastri mbales sikepan kenceng. Atine Lastri langsung trenyuh ana ing sikepan ibune.

“Kowe ora usah khawatir, Lastri, ana Pangeran sing bakal mbantu,” ngendikane ibu sinambi ngusap luh ing pipine.

Lastri amung manthuk. Kawitane bebojoan karo Beni, Lastri pancen ora tahu krasa bungah. Ngarep-arep lan ngarep-arep. Ndonga lan ndonga sing ora cetha pokbuntute. Yen bener Allah ora paring pacoban nglewihi wates kemampuan umate. Ningen, kenangapa iki bangeting abot. Nglakon sawijining dina Sekar aweh pertakonan sing angel anggene mangsuli.

“Ibu, kenangapa Bapak nesu? Ora kaya kanca-kancaku sing nduweni bapak apik malah asring njemput sekolah.”

“Sekar, bapakmu apik kok, delengen rasukanmu, rasukan sing kowe anggo, iku rasukan dipundhutke bapak. Iku tegese bapak tresna marang kowe, Saiki ndedonga wae kareben bapak

Nalika Rembulan Bunder | 71