Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/78

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Kairing Mendhung Kandel Suseno

Sore iku, nembe sepisan iki Lastri bali nuju umah wong tuwane tanpa diterke Beni, garwane. Kairing udan nggrejeh Lastri nggawa anake loro lan koper siji gedhe. Semempyok swara udan, banyu kang tumiba ngenani gendheng gawe pangrungone wong tuwane ora cetha marakake Lastri kudu ngambali anggone uluk salam. Ora let suwe ngenteni, pungkasane lawange menga. Banget kagete ibu weruh Lastri lagi nggendhong Niken, dene Sekar anak mbarepe ngadeg nggigil kedhemen kanthi koper gedhe neng sisihe.

Masyaallah, Lastri, kowe kenangapa? Putuku…putuku sehat? Beni…Beni endi?” takone ibu alon-alon nyedhaki.

Tuk…tuk…tuk…swara teken alon-alon nyedhaki Lastri. Ana ing yuswa sing sangsaya sepuh pancen ibu cemekel teken kareben anggone jumeneng bisa tetep jejeg. Paningale rabun lan obahe awak gemeter buyuten. Kedadeyan iki sing gawe Lastri abot ninggalake ibu dhewekan neng umah. Nadyan, pungkasane dheweke kudu lunga ninggalna ibu kanggo urip ing desa tangga karo Beni, garwane.

“Aso, Bu, wiwit iki aku bakal ngopeni Ibu nganti tutup umurku lan Ibu ora bakal kasepen. Ana Niken lan Sekar sing bakal nambah anget swasana umah niki.” Atine Lastri mbom­ bong-mbombongke dhewek.

“Mas Beni boten tumut, Bu,” wangsulane mang-mang.

Nalika Rembulan Bunder | 67