Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/74

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

wangsul. Sing wonten nggriya rak nggih sampun ngarep-arep. Ampun kesupen absen rumiyin.”

Telung minggu candhake, sekolahan nganakake rapat kerja. Sawise ngrembug bab-bab kedhinasan lan informasi-informasi sing asale saka rapat K3S utawa Kelompok Kerja Kepala Sekolah, Nyai Juru Kempul, njaluk supaya bendhahara BOS nglapurake kahanan mlebu-metune dhana sasuwene iki.

Mas Centhe, si bendhahara, banjur matur yen buku bothe­ kan keri ana omah. Ananging dheweke isih kelingan kabeh dhana sing mlebu lan sing metu sasuwene iki. Dheweke banjur nye­but gunggunge dhuwit sing mlebu lan sing metu. Para guru maklum. Semono uga Mas Bonang ya nyicil ayem awit sajake wis ana pletheke transparansi sanajan durung kaya sing dikarepake, awit buku bothekane keri ana omah.

Sasi-sasi bacute, nalikane rapat kerja, wis arang ana lapuran bab keuangan BOS. Lamun ana lapuran mung sacara lisan tanpa dhasar administrasi sing cetha. Awit sepisan maneh, cathetan keri ana omah. Iki pancene lali apa disengaja nglali, ya ora ana sing ngerti. Ora ana sing pedhuli. Sajane, Mas Bonang meh ngelikake, nanging mung kandheg ing pengangen. Awit, salah-salah kedaden mengko malah dadi perkara. Bisa-bisa ing antarane guru dadi ora akur, dadi congkrah. Mula bisane ya mung meneng lan ndedonga amrih dhuwit BOS ora kurang kanggo mbiyayai lumakune proses pengajaran ing sekolah. Mugamuga kabeh program kang wis dirancang bisa lumaku kanthi rancag lan asile uga maremake.

Dina-dina lumaku kaya adate. Semono uga proses pembelajaran ing sekolahane Mas Bonang uga lumaku kanthi rancak. Kabeh sing dadi programe sekolah siji mbaka siji wis bisa diayahi. Mas Bonang lan guru liyane wis ora ngrembug bab dhana BOS. Sing penting padha mulang minterake anak bangsa

sing mujudage aset bangsa.

Nalika Rembulan Bunder | 63