Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/71

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Nek ming pacitan kangge rapat kula kinten boten patiya pengaruh, lho Mas Bonang. Mbok menawi sanese...,” ujare Mas Saron karo muthes tegesan ing asbak sing wis kebak tegesan.

“Lha mila punika. Manawi Mas Cethe terbuka mesthinipun rencang-rencang guru saged urun eguh pertikel. Yen naming saben-saben tutup taun nglapurake bab kekurangane dhana BOS, lha ngantos kapan sekolah niki saget uwal saking utang....”

“Murukne Mas Cethe niku sadaya dipunayahi piyambak. Wiwit saking ngurus arta, administrasi, malah saben-saben blanja barang mesthi dhewekan mboten enten rencang ingkang dipunajak. Lha niku rak mboten saget dipunkontrol. Kamangka ingkang nami yatra punika eca, sanajan pitik mboten doyan, hahaha...,” guyune Mas Saron kawetu. Untung wae wis ora ana guru liyane ing wektu kuwi. Wong pancene wis wanci mulih, lan kanca-kanca wis padha mulih gasik.

“Gumun kula, kahanan makaten wiwit rumiyin kok mboten enten ingkang wantun nyaruwe utawi protes,” panggresahe Mas Bonang.

“Bab niku rak nggih ewuh aya. Upami wonten ingkang wantun kedahe nggih kepala sekolah. Manawi sesami guru mangke malah dados seling surup. Nek ngantos dados padudon gek keprungu masyarakat utawi tanggi sekolah rak inggih damel lingsem,” semaure Mas Saron banjur ngajak mulih, wong wancine wis meh manjing asar.

Ana sapletik pengarepan ing atine Mas Bonang lan paraguru liyane nalikane ana mutasinan kepala sekolah. Kanthi pengajab, muga-muga kepala sekolah sing anyar bisa gawe suwasana anyar, temtune perubahan sing luwih apik. Luwih open management, ora mung wong-wong tinamtu sing ngerteni

mlebu-metune dhuwit BOS. Kabeh guru kudune bisa mangerteni bothekan dhuwit BOS mau supaya ana kontrol lan ora menggok karo rencana pembiayaan sing wis ditetepake.

60 | Antologi Cerkak