Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/48

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

ditemu. Saking bantere olehe mikir, ora krasa suwe-suwe Pak Karto keturon nganti blas ora nglilir tekan pajar.

***

"Wis, iki dhuwit nggo blanja sesasi, iki sing nggo bayar sekolahe Ratri," ujare Pak Karto marang sing wedok.

"Entuk dhuwit sakmene akehe saka ngendi, Pak?" pitakone sing wedok sajak kaget nampa dhuwit saka sing lanang.

"Wis, ra usah takon saka ngendi, sing penting kuwi butuhe wis takcukupi," wangsulane Pak Karto sajak anyel merga sing wedok takon bab dhuwit mau.

"Ora ngono ta, Pak. Coba dijawab sing genah. Iki dhuwit saka ngendi kok sakmene akehe? Wong umpama entuk gaweyan opahe ya ora nganti sakmene akehe," ujare sing wedok maneh sajak durung marem karo wangsulane sing lanang.

"Wis, meneng! Mbok ora usah kakehan takon iki dhuwit saka ngendi, sing penting butuh takcukupi rak ya wis ta!" wangsulane Pak Karto karo nggebrak meja amarga saking jengkele marang bojone sing isih wae takon bab as ale dhuwit mau.

Bu karto kaget ora jamak amarga sasuwene dheweke mbangun bale wisma sing lanang ora tau ngomong kasar utawa banter. Malah, Pak Karto kuwi kepara alus yen karo anak bojone. Ning, dina kuwi Bu Karto sajak kuciwa marang sing lanang. Nganti duwe pikiran ala, gek-gek bojone wani njupuk barang sing dudu duweke. Bu Karto mung bisa lungguh dheleg-dheleg. Tangane isih nyekeli dhuwit saka sing lanang mau. Arep takon maneh wedi yen mengko malah dadi padudon.

***

"Pak, tangi, wis jam lima kok ingo tangi, subuhan sik, wong biyasane tangi gasik kok nganti yahmene ingo tangi!" ujare Bu Karto sambi nggoyag-oyag awake sing lanang.

Sing digugah gragapan banjur tangi amarga kaget, ngucek-ucek mripate sing isih kriyip-kriyip, banjur unjal ambekan.

"Oalah jebul mung ngimpi," grenenge.

Nalika Rembulan Bunder | 37