Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/43

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Jam pitu kurang seprapat, mbakyu lan adhi loro mau metu saka lawang omah. Seragam kang wus nylimuti salira bocah loro iku mau mratandhakake yen arep ngudi ngelmu. Ing brang kulon, ana wong sepuh kang ngonthel pit kebo. Pit kang ditumpaki iku mau banjur mandheg ing ngarepe omahe Arimbi persis.

"Wonten punapa, Pakdhe, ibu boten wonten griya. Boten ngertos wonten pundi tindake," ujare Arimbi kanthi rai kang grapyak.

"Ora Rim, tekaku mrene mung arep ngandharakake pesen saka ibumu. Mau esuk-esuk ibumu lunga menyang pasar. Ora kober pamitan marang awakmu, merga kowe lan Satriya isih padha turu angler, dadi ora tegel nggugah," kandhane Pakdhe Karta.

"Oh, inggih, Pakdhe. Matur nuwun. Inggih sampun kula kaliyan Satriya pamit rumiyin. Ajeng ngudi ngelmu. Mangga..." wangsulane Arimbi.

Satriya amung meneng, merga pancen dasaraning sipate Satriya kang ora gampang grapyak marang sakabehe jalma.

Satriya jupuk motor kang diparkir ana omah sisih wetan. Dene Arimbi amung ngadeg ngenteni Satriya. Ing njero kelas, Arimbi ana rasa ora kaya biyasane.

Satenane, nalika ibune arep lunga mesthi ngomong karo dheweke. Disempet-sempetake kanggo nggugah. Dina iki ana kang rubeda. Nanging apa? Embuh! Rasa kuwur ngebaki pikirane Arimbi.

"Ana apa, Rim, kok ora kaya biyasane. Biyasane bingah, nanging saiki rada sulaya,"takone Pratiwi kang ujug-ujug nyenggol sikute Arimbi.

Pratiwi iku salah sawijine kanca cedhake Arimbi ning sekolah. Mulane ora gumun menawa ngerti kahanane Arimbi kang ora dimangerteni wong liyane.

"Oh, ora ana apa-apa, kok. Aku amung kepikiran marang ibuku wae," wangsulane.

32 | Antologi Cerkak