Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/266

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Pak Pur ampun kewatos. Ngenjang Kang Samin kula san janganipun. Menawi Kang Samin angsale wuru sembarangan lan damel gendra, kula purugi mawon,” ature Mbah Sapon.

“Nggih, Mbah,” wangsulane Pak Pur karo manthuk-manthuk,

“Menawi pemanggih kula, ingkang ketingalipun purun damel gendra niku sanes si Samin,” Mbah Sapon duwe pinemu.

“Lajeng sinten, Mbah?”

“Lare nem-neman!”

“Nggih leres, Mbah, Langkung-langkung niku ingkang nami Surip kaliyan Martono, Lare kekalih niku mboten purun dipunatur. Anggenipun wuru sekajengipun piyambak.”

“Pancen lare nem-neman seniki solah tingkahipun sekajengipun piyambak. Amargi lare nem-neman seniki mboten wonten ingkang sami purun rialat, Mboten nate sami purun ngadem, nyura, utawinipun puasa Senen-Kemis. Dadose nggih tumindake ngaten niku.”

“Bara-bara purun rialat, Mbah, Malah kula sering ngertos lare nem-neman sami purun wuru wonten panggenan sepi senajan jathilanipun saweg mboten labet.”

“Maksudipun sami wuru amargi nginum ciu?”

“Nggih, Mbah!”

"Astagfirullah...,” Mbah Sapon ngunjal ambekan karo ngelus dhadha.

Wong loro padha meneng. Amleng. Neng njero ati gela banget ngrasakake kelakuane bocah nom-noman sing melu dadi rombongan jathilan Sapa Nyana.

“Lah, niku kepripun saenipun,”

“Niki sejatosipun bageyanipun panjenengan ingkang nyanjangi,” pangucape Mbah Sapon semu prentah.

“Nggih, mangga sami dipunsanjangi sareng-sareng, supados mboten sami keterusen!” penjaluke Pak Pur.

“Nggih panci leres menawi makaten.”

Nalika Rembulan Bunder 255