Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/259

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Nanging, pilihan ya wis pancen pilihan. Mbokmenawa Narmo pancen wis nedya ora bakal, apa malah kepara ora kepingin, maido marang pilihane dhewe. Ing pikirane tansah metu slogan, urip iku sejatine pilihan. Gembira bae pilihan. Lan gembira bae ora murni gembira. Deduka ya ora murni deduka.

Saiki pancen dudu pilihan maneh kang dipikirake Narmo. Kang dadi pikiran yaiku kepiye cara nglaksanakake kekarepane Kamsa. Yen ngenani babagan urip, dheweke wiwit biyen pancen wis lila legawa kangmase arep tumindak kepiye. Sajungkir walike kangmase ya sumangga. Pakeme, dheweke ngenut. Na­nging saiki, prekarane wis ora baen-baen. Iki prekara kang prin­sipil banget kanggo Narmo.

Saking cunthel anggone mikir, Narmo banjur njupuk pancing. Dina iki diputusake kanggo mancing bae. Niyate ngedhemke pikir. Sapa ngerti oleh wangsit ing kali kanggo mungkasi prekara iki kanthi cara kang bener lan pener.

Tekan sapinggiran kali, Narmo kepethuk Madya.

“Wee, Nar, njanur gunung tenan?”

“Iya, iki, Kang, sapa ngerti ana widadari menclok ing ping­gir kali.”

“We lhah, yen ngono, meh didelah endi prawan saka Banjarsari kae?”

“Tak simpen sangisore dhipan.”

Dina iku swasana sepi banget. Mung ana pawongan loro kang nyedyakake wektu kanggo mancing. Ora liya ya Narmo lan Madya.

Narmo isih anteng ndeleng lajune banyu. Ngakasakaton gilar-gilar kagambar ing praupaning kali. Oh, yen praupan kali bisa dadi benggala kaya darbeke Prabu Kresna mbokmenawa Narmo pengin ngilo kepiye pungkase prekara bab omahe kang­ mase iku. Nanging, kali tetep anteng nggambar lamuk, surya,

lan jembaring ngakasa.

248 | Antologi Cerkak