Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/245

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Tan ana tembung uwal saka lathine Wintaka, Senajan kuciwa menawa anak wadone Pak Wijana ora kaya kang dikarepke, nanging dheweke ora bakal cidra ing janji. Amarga dheweke sedya nuruti kekudangan sakloron wong tuwane kang kepengin enggal momong putu.

Tankanyana dening Wintaka menawasedan kang ditumpaki wus ngancik ing tlatah Yoja. Ngepasi srengene dhedhampar ing puser langit, sedan kuwi lumebu ing plataran omahe Pak Wijana.

Kairing dening Kiai Resa Sentana lan rombongan, Wintaka lumebu ing pendhapa. Sawuse antuk pambagya slamet, Kyai Resa Sentana nglamar anake wadon Pak Wijana kang bakal dipalakramakke karo Wintaka. Sawuse lamaran ditampa becik, Kyai Resa Sentana lan rombongan mulih menyang Semarang.

***

Rikala keri ing omahe Pak Wijana, Wintaka rumangsa dilungguhke dadi tamu agung. Apa kang dibutuhke kayata ubarampe kanggo adus lan kamar paturon tansah sumadya tan nguciwani. Senajan mengkono dheweke durung lega, amarga anak wadone Pak Wijana ora pelem nemoni.

Rumangsa sayah lan arip, Wintaka kang bar adus banyu anget iku ngglethak ing peturon. Ora gantalan wektu, dheweke turu kepati sabadane wayah candhikala. Udakara jam papat esuk, dheweke nglilir, Kaget rikala nyawang lukisan kulawarga ing tembok biru. Amarga wong wadon kang ngadeg ing antarane Pak Wijana lan sisihane iku ora liya Sriyatun.

Eba bungah atine Wintaka rikala mangerti menawa kang bakal dadi bojone ora liya Sriyatun. Nanging rasa bungah iku sanalika ambyar sawuse keprungu opyake Pak Wijana lan bojone menawa anak wadone ninggalke omah tanpa pamit.

Mangerteni menawa sajroning omah geger, Wintaka metu saka ruwang peturon. Sawuse antuk idi saka Pak Wijana, dheweke nggoleki calon sisihane. Pungkasan dheweke pasrah

234 Antologi Cerkak