kuwi ketemu nalika arisan emas-emasan setaun kapungkur. Nalika aku dikelanake, aku ya manut wae sing penting wis dadi pilihane ibu lan gawe atine seneng.
Aku mlebu ing kamar, banjur njupuk omplop werna coklat sing maune dak selehake ing meja. Amplop saka Aji kuwi mau dak gawa metu. Aku terus bali lelungguhan ing ngisor wit pelem banjur semendhe ing kursi. Dak bukak kanthi ati-ati amplop sing isine pirang-pirang lembar kuwi mau. Ibu lan Wulan nggatekake aku, kaya-kaya aku lagi mbukak barang sing wigati.
“Kuwi sing Sampeyan critakake mau, Mas?”
“Iya. Jajal dak wacane. Kok isa pawongan kaya Aji kepingin pisahan kuwi jan-jane sebabe apa?”
“Aji?” pitakone ibu lan Wulan bebarengan. Aku manthuk tanpa nyawang.
Mripatku ngematake layang kuwi mau siji-siji. Macasalah sijine, aku kaya kesamber gludhug. Ibu lan Wulan sajake isa nangkep swasana, banjur layang sing awujud buku cilik kuwi mau direbut Wulan. Aku lan dheweke banjur sawang-sawangan kanthi rasa curiga sing wis ora bisa ditutupi siji lan sijine. Atiku sigar tenan nemoni kasunyatan jenenge Wulan katulis ing kono, sing tegese, dheweke dadi pawongan sing digugat pisah dening Aji, kancaku.
Gemolong, Juni 2020
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Latif Nur Janah, mapan ing Gemolong, Sragen. Remen nulis cerpen lan cerkak. Cerkake kanthi judul “Tatu” kapilih dadi lima besar sayembara
cerkak Sanggar Triwida Tulungagung, Jawa Timur (uni 2020).
Nalika Rembulan Bunder 231