Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/235

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Sigar Latif Nur Janah


Aku ndhelik ning ngisor wit nalika ibu nggoleki. Aku ora ngerti, jan-jane apa sing nyebabake aku ora oleh dolanan karo kanca-kancaku. Kamangka, kanca-kancaku kuwi omahe ya mung cedhak wae. Malah, bisa diarani menawa kabeh isih tangga. Olehku dolanan paling ya mung ing sakiwa tengene omah. Pancen, aku nate dolan cedhak sendhang wetan kana. Kuwi panggonan sing paling adoh sing nate dak parani.

Durung sore nalika aku krungu swarane ibu. Ibu takon marang Aji, kancaku. Aji ngomong yen dheweke uga lagi nggo­ leki aku. Aku bablas ndlusup ing ngisor wit-witan. Ndilalah, kebonane Mbah Sam sing dak enggo ndhelik iki rengget. Akeh wit samubarang sing idhum lan kepenak kanggo ndhelikan. Aku banjur ndhodhok ing ngisor wit jambu sing ngrembuyung. Sanajan cendhek, wit jambu kuwi wis ana uwohe. Aku ndhodhok, sinambi methil jambu siji, banjur dak pangan karo ndhelik.

Aku krungu swara kresek-kresek. Mbokmenawa godhong pring garing utawa klaras sing kepidak sikil. Paling ya Aji sing bingung nggoleki aku. Ya wis ben, batinku. Aku pancen wis suwe ndhelik ing kene. Panggonan iki, pancen mung aku sing ngerti. Kanca-kanca liyane, paling mung ndhelik ing sapinggire kebon, ing ngisoran wit pohung utawa ganyong.

Dumadakan, tanganku krasa gatel. Dak kukur pisan, pindho, banjur drijiku ora meneng amarga gatele mrembet ing

224 | Antologi Cerkak