Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/22

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Dina iki kaya dinatibaning kanugrahan kanggone Prasojo, Wewadi bab ali-ali mata biru muga-muga enggal bisa kawiyak. Muga-muga bener Nastiti sing bisa miyak wewadi ali-ali mata biru. Pangarep-arepe Prasojo muga dadi kasunyatan bisa nggandheng kenya ayu sing dadi gantilaning ati, Nastiti.

Tabuh setengah papat sore Prasojo wis ana ing ngarep lawange Bu Prapto, ibu kose Nastiti. Lagi arep ngucap kulanuwun dumadakan Sumali, putrane ibu kos, metu saka lawang. Bareng ngerti yen Prasojo ana kono, Sumali enggal-enggal mbagekake Prasojo.

"E... wonten Pak Pras. Mangga, Pak, katuran pinarak," panguwuhe Sumali.

"Mas Mali. Iya, Mas. Matur nuwun. Bu Titi ana, Mas?" pitakone Prasojo.

"Wonten, Pak. Sekedhap kula takmatur kaliyan Mbak Titi. Mangga dipunsekecakaken lenggah," ature Sumali karo menyat memburi.

Prasojo lungguh ana kursi tamu. Pikirane tumlawung. Bingung saka ngendi anggone arep miwiti rembug karo Nastiti bab ali-ali mata biru. Yen bab perkara pamulangan wis biyasa kanggone Prasojo. Tekane ing papan kuwi arep ngrembug bab nasib. Nasibe bab jejodhoan lan piwelinge suwargi ibune. Iya yen bener Nastiti kuwi wong wadon sing dikarepake. Yen dudu, iba cuwane atine. Nanging, paribasan wis kadhung nyemplung banyu, klebusa ya kudu dilakoni. Wis dadi tekade yen sore iki kudu ana hasil. Apa wae sing arep kelakon bakal diantebi.

Ora sauntara suwe Nastiti wis metu karo nggawa wedang, lan gedhang godhog ana nampan. Kedhep tesmak panyawange Prasojo marang Nastiti. Nastiti nganggo terusan putih kembang-kembang coklat. Dhasar kulite putih nganggo sandhangan mau saya katon edi peni. Nastiti pancen pinter ngadi salira lan ngadi busana. Dhasar wis ayu tambah katon manjila. Umpama dipindhakake ngono kadya widadari tedhak ing bumi.

Nalika Rembulan Bunder | 11