Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/219

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Satetes Eluh Turiyo Ragilputra

Wayahe ngarepake surup. Aku lagi rawat-rawat sepedha montor nalika Kusniana teka. Sawise nyetandhar sepedhane, banjur jumangkah alon. Awake mundhuk-mundhuk. Kanthi sirah tumungkul, dheweke nyoba nyawang raiku.

Sepedha montor takjagang, ora sida taklebokke.

“Pak Guru, kula badhe ...” swarane kandheg.

“Kene mlebu,” aku nyambung omongane sing ora tutug.

Mindhik-mindhik Kusmiana ngetut wuri lakuku. Tekan ruwang tamu, Kusmiana takkon lungguh. Bocah iku nurut kabeh apa sing takomongake. Lungguhe anteng, tangane dicakepake, dipangku.

“Karo sapa?” pitakonku karo nyelehake sagelas omben kemasan lan stoples isi panganan garing.

“Kiyambak, Pak.”

“Diombe dhisik.”

Kusmiana nggeget-nggeget lambe. Tangane ora obah.

“Ora ngombe, ya mangan-mangan klethikan.”

Kusmiana gedheg.

“Ana apa, ngarepake surup kaya ngene nyang daleme Pak Guru?”

“Kula badhe mendhet ijazah, Pak.”

“Jupuk ijazah?” aku mlengak. Banjur tanpa mikir dawa aku kandha apa anane, “Ijazahmu durung dadi, Kus. Uga ijazahe

208 | Antologi Cerkak