Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/217

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Weni mung meneng bae. Dheweke banjur nyapu jogan. Ilham nyiyapke ubarampe kang diperlokake Neni. Ana sajam anggone reresik omah mau.

“Wis, Wen, mengko dakterusake Bapak. Kana adus dhisik!”

“Inggih, Pak.”

Ilham njapri Neni yen papan panggonan wis sumadya. Sadurunge ninggalake omah mau Ilham mbukakake lawang mburi, supaya kanthi gampang Neni bisa mlebu.

Tekan ngomah Neni langsung mlebu omah mburi. Kabeh lawang lan cendhela ditutup. Lampu diurubake. Ilham pancen wis tanggap mula magiccom sing isih ana segane didelehake ing omah mau. Semono uga jangan lan lawuhe.

Esuke nalika Weni nonton TV, Ilham njejeri. Weni katon serius nonton berita bab pasien kang kena virus Covid-19.

“Kuwi, Weni, saiki wong sing lelungan adoh kudu netepi protokol kesehatan. Ora lali nganggo masker lan asring wijik. Sedurunge mlebu ngomah kudu wijik, adus, ganti klambi pamrihe supaya ora kena virus Covid-19! Yen wis tahu sesambungan karo pasien kang positif Covid-19 kudu karantina!”

“Wah, yen ngaten sedaya tiyang kedah njagi kesarasan. Menapa malih dhokter saha perawat nggih Pak!”

“Bener, Wen,” tembunge Ilham karo nata ati. “Bapak arep ngendika menawa seminggu kapungkur ana pasien kang seda. Asiling test swab pranyata pasien mau positif kena Covid-19. Mula ibumu kadhawuhan karantina mandhiri murih kulawargane ora kena virus.”

“Dados ingkang manggen ing griya wingking menika Ibu?” pitakone Weni semu kaget, kaya ora percaya.

Ilham manthuk-manthuk, ora wani nyawang Weni. Suwe-suwe keprungu Weni mingseg-mingseg. Ilham ora mentala. Weni dikekep, dielus-elus rambute, karo ngarih-arih.

206 | Antologi Cerkak