Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/182

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Panjenengan Pak Tarjiyo?”

“Inggih, kula bapakipun Nastiti. Criyose anak kula ten ngriki mutawatiri.”

“Inggih, niki wau kacilakan kalih mobil ing protigan caket peken. Nuwun sewu, kula sampun mbudidaya, nanging kahana­ nipun awrat, tatu ing perangan sirah saestu nemen. Dados saniki sampun boten wonten,” katrangane dhokter pancene gawe kaget.

Bojone Tarjiyo nggeblag semaput. Tarjiyo dhewe bisa tatag. Mung eloke kaya mbukak lembaran lawas. Biyen bapakne kang semaput ngenggon, saiki bojone.

“Dhuh Gusti, lakon kula kok kados niki?” Tarjiyo ora bisa mbendung tawang-tawang tangise maneh. Ben. Disuntak sisan kaya dene udan kang isih gumrojog iki. mungguh ora isin, rasane kepengin mbengok sarosane, kepengin ngalahake swarane bledheg kang kaya mbelah-mbelahna bumi. Tarjiyo isih bisa ngendhaleni krodhane ati. Panyawange nanar, bojone kang dadi gotongan dijarke bae. Sikile jumangkah mlebu kamar jenazah. Otot bebayune rinasa sengkleh. Lemes kepengin ambruk nalika dibukakake slurup kang nutupi Nastiti kang wis kaku. Eseme Nastiti katon ing antarane rai kang pucet lan dleweraning getih. Tarjiyo ngguguk tangise. Dhokter aweh kalodhangan kanggo nutugake tangise sinambi ngepuk-puk pundhake.

“Ingkang nabrak sinten Dhok? saniki wonten pundi? Pun dicepeng pulisi napa dereng? Dikunjara napa boten?” Nrecel pitakone Tarjiyo ing sela-selaning tangise.

Dhokter lumrahe mung nindakake kuwajibane ngrumat pasien. Dununge perkara mesthine ora ngerti. Tarjiyo uga ngru­ mangsani. Nanging pitakonan kuwi ora nemu lesan. Anane mung dhokter lan para juru rawat. Sametune pitakonan kudu dikandhakake. Dhokter gedheg-gedheg.

“Mas Priyo ingkang ngertos criyosipun Pak, piyambake tesih

ten ruang UGD. Mangga menawi badhe miterang kula dherekke!”

Nalika Rembulan Bunder | 171